Responsive Ads Here

Search

ARYS

ARYS
Ahmad Rifa'i Yogyakarta Site
Powered By Blogger

Jumat, 18 Maret 2016

Contoh teks sesorah bahasa Jawa untuk kelas XII SMA

Teks Sesorah perpisahan kelas XII
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh


Kawilujengan saha karahayon mugi tansah pinayungan dhumateng panjenengan sedaya saha kula.
Bapak Kepala Sekolah _________________ ingkang kula kurmati, Bapak/Ibu Guru saha karyawan _________________ ingkang kinabekten, lan para kadang kula saking kelas X, XI, saha XII ingkang kula tresnani saha para lenggah sedaya ingkang kinurmatan.
Ingkang sepisan, sumangga kita ngonjukaken puji syukur ing Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT ingkang sampun paring Rahmat, Hidayah, saha Inayahipun dhumateng panjenengan sedaya saha kula, nulya kita saged makempal ing pepanggihan menika kanthi pinaringan karahayon saha kabagaswarasan, tebih saking Rubeda, nir ing Sambekala.
Kadang kula kelas XII ingkang sutresna, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangkuning pawiyatan _________________ punika.Kula minangka wakilipun kelas X saha kelas XI ngaturaken panampi atur perpisahan saking kadang kelas XII punika.Awit para kadang kelas XII sampun kula anggep sedherek piyambak sapunika badhe nilaraken pawiyatan punika.Nanging kados pundi malih, bilih wonten pepanggihan tamtu badhe wonten perpisahan.Jer kula panjenengan sedaya namung manungsa limrah, mboten kuwawi nyelaki pepesthening Gusti ingkang Maha Agung.
Kadang kula kelas XII ingkang kinurmatan, kula minangka wakil saking kelas X saha XI ngaturaken agunging panuwun dene para kadang kelas XII sampun paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng paedahipun.Mugi-mugi, panjenengan sedaya pikantuk amal saking Gusti Pengeran ingkang Maha Asih saha Maha Welas.Ugi kula namung saged memuji, mugi-mugi ingkang anggadhahi penggalih nglajengaken wonten ing pawiyatan luhur sageda katampi, lan ingkang badhe langsung nyambut damel sageda tumunten pikantul padamelan ingkang trep kaliyan ilmu ingkang sampun kaudi wonten ing bangkuning pawiyatan punika.
Para lenggah ingkang minulya,
Cekap semanten atur kula ing pepanggihan punika, menawi wonten kekirangan atur kaladuking wicanten, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.Akhirul kalam,
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Created by ahmad_rifai1207

Tidak ada komentar:

Posting Komentar